Rabu, 23 Agustus 2017

Olah Raga Tradisi ing Kulon Progo: Nglarak Blarak

Sawijining gelaran nengsemake kagelar ing alun-alun Wates dina Ahad, 20 Agustus 2017 wingi. Festival Nglarak Blarak Kulon Progo 2017 kang diselenggaraake dening Dinas Kebudayaan Kulon Progo mujudake gelaran pungkasan kang nandhingake sakabehing kecamatan kang ana ing tlatah Kulon Progo. Pertandingan antarane desa lan desa uwis diadani saben kecamatan ana ing tanggal-tanggal sakdurunge.

Senajan ora bisa weruh kanthi langsung festival iku, mung krungu saka critane mitra lan ningali warta ana ing media, aku tetep kepingin andum sethithik tulisan babagan dolanan iki. Lha piye, iki mujudake permainan asli saka perbukitan Menoreh, daerahku dewe.

Akeh stasiun televisi nasional uwis nyiarake, mosok aku durung crita babagan dolanan kang asale saka daerahku. Rak nganu to?

Ing wektu kapungkur, aku sebenere nate weruh latihane ing sawijining lapangan daerah Pengasih. Ndilalah nuju liwat, banjur mandeg nonton. Wektu kuwi aku durung ngerti arane dolanan kasebut.

Nglarak blarak utawa gampang sinebut kanthi tembung cekak, nglabrak, iku salah sawijining olahraga rekreasi. Minangka olahraga lan uga seneng-seneng. Kepara malah olah rasa, awit dolanan iki kalebu jenis dolanan tim kang bisa nuwuhake rasa guyup uga kerja sama.

Ana ing tahun kang wingi, persise ana tanggal 8-9 Oktober 2016, nglabrak kasil dadi wakiling Indonesia ana ing gelaran The Association For International Sport for All (TAFISA) World Games 2016 ing Jakarta. Mestine prestasi iki nambah bombonging manah para warga Kulon Progo. Lha ajang internasional iki, mendunia. Ora baen-baen.

Nglabrak iki pancen unik lan seru. Saiki nembe giat dikembangake lan dikenalke para kadhang muda Kulon Progo. Kanthi pangajab, nglabrak bisa dadi sawijining dolanan tradisi kang lestari, bisa dadi identitas lan sarana njaga kesarasan lan kesenengane warga Kulon Progo.

Kacarita nglabrak katindaake dening nom-noman jaman kapungkur kanggo ngisi wektu nunggu wayahe nderes wit klapa. Pramila pirantine ora adoh-adoh seka aktivitas iku, kayadene blarak papah klapa, kranjang, sepet, bongkok lan bumbung. Sairing lampahing jaman, dolanan iki banjur ana modifikasi, paugeran lan tata cara kang dadi aturan main nalika nglabrak. Saengga ana acuan kang baku kaya dene permainan olahraga.

Ana tim loro kang kudu tandhing, adu ketangkasan lan kekompakan. Saben tim nduweni anggota cacah enem pemain kang dewe-dewe dapukane. Inti dolanan yaiku ngrebutake bumbung kang sumeleh ing tengah lapangan. Dene lapangan kanggo wahana glabrak iki bentuk persegi ukuran 12x12 meter ing lemah kang rata.

Kayadene olahraga liyane, nglabrak iki uga mbutuhake wasit kang kadapuk mimpin tandhingan.

Wasit gawe aba-aba kanggo nandhani yen dolanan kawiwitan. Estafet larahe nglabrak diwiwiti kathi salah sawijining pemain nggiring kranjang, nibaakeke sepet kang cumawis banjur kagiring tumuju ing papan kang uwis katemtoake. Sepet iki digawa nganggoake kranjang kanthi cara mlumpat-mlumpat tekane papan kang katuju banjur diterusake pemain liyane. Pemain iki kang bakal numpaki sepet tumuju papane blarak kang uwis siap dilarak.

Telung pemain kang bakal nyeret blarak. Siji pemain liyane dadi joki, numpak ana ing nduwure blarak kang diseret tumuju tengah lapangan. Adu cepet njupuk bumbung kanthi bongkok kanggo nyatholake, ora nganggo tangan. Tim paling cepet nglakoni larahing permainan nganti nggawa bumbung iki kang kasil menangake tandhingan.

Nalikane ana gamelan rancak kang ngiringi nglabrak dadi tambah gayeng. Bonang, gong, gender lan uga kendang ndadeake nglabrak tansaya meriah.

Permainan umume katindaake kaping pindho. Manawa hasile seri, diadani sakbabak maneh. Wondene sistem kang kaanut iku sistem gugur.

Yen ditingali ana ing siaran televisi lan yutup, nglabrak pancene seru. Ora salah yen pamerintah ana ing wewengkon Kulon Progo kanthi alantaran dinas terkait wis niat bakal mbudidaya, nglestareake dolanan iki. Bupati Kulon Progo, Pak Hasto, uga mratelaake yen nglabrak iki bisa dadi simbol perlawanan. Kang dikarepake yaiku nuwuhake semangat masyarakat kanggo nglawan kemiskinan lan kebodohan kanthi bebarengan.

Senajanta mung sawiji dolanan, ning nglabrak dadi sawijining cara njaga kabudayan. Nglabrak dadi olahraga tradisi kang pantes dilestareake. Apa maneh ing jaman kang kagempur dolanan saka manca werna-werna kang durung karuhan cocok karo kapribaden lokal.


Advertiser