Media daring tansaya mekar lan tansaya rikat, sat-set, wes ewes
ewes... bablas anune. Perilakune masyarakat melu owah, saben dinane ora uwal
seko gajet canggihe. Ora peduli papan panggonan, ora peduli wayah, kapan wae
mesti tinemu wong kang lagi mijeti lan ndumuki bekakas teknologi, ndingkluk,
tanpa nggatekake kiwa lan tengen.
Piranti komunikasi canggih pancene gawe sengsem lan nglalekake
samubarang perkara. Wis luntur budhaya ngajeni marang wong kang kudune diajeni,
sik sakpengadhep sakpenjagong. Lha piranti gajet iku pancene komplit ngluwihi
jamu kok, bisa ngerteni kahawanan donya global ing papan ngendi wae, kanthi
real time. Kari ngakses, kanti ndumuk-ndumuk sedhela.
Ing kahanan sing kaya mengkono, wajar menawa kekarepan
kanggo mangerteni pawarta lan kahanan ing donya sarana maca koran utawa dene
majalah wis meh-meh ditinggalake. Ganti media kang anyar, media sosial, portal
warta daring kang luwih nyenengake lan cepet diakses.
Sejatine ana ing media daring kerep tinemu warta kang kurang
bisa dipertanggungjawabake miturut hukum. Okeh konten-konten kang sarwa ora
ngepenakke, ing antarane ngunek-unekke pihak kang ora nunggal paham, ngala-ala
liyan, gawe wirang lan sakpiturute.
Warta-warta kang kapacak ora padha karo kedadeyan kang
sebenere iku dumadi awit meh sapa wae bisa ngunggah konten ing media daring.
Media kang modern iki dadi gampang disalahgunaake kanggo tumindak kang ora
becik, laku kriminal. Wis akeh kedadeyan kang kaya mengkono iku, apus krama,
nyebar isu hoax, kang ndadekake masyarakat media dadi resah, marai ora tentrem. Mbokmenawa perlu dipahami menawa pawarta ana ing media
sosial iku ora kabeh minangka produk jurnalistik. Kurang akurat.
Koran lan majalah uga media cetak liyane kang wis kethap-kethip
malah isih diayomi dening UU No. 4 Tahun 1999 Tentang Pers. Media iki sejatine
cukup bisa nampung kebebasan masyarakat kanggo ekspresi lan ngudar gagasan.
Penyelenggara utawa penerbite kudu nduweni badan hukum. Cetha ana sing tanggung
jawab. Iki kaluwihane media cetak.
Nanging ya piye maneh, jaman wis kebacut maju. Media cetak
kudu ngliwati proses cek lan ricek, editing, pracetak, cetak durung
distribusine kang liwih mbutuhake wektu tinimbang media daring. Media cetak uga
kudu ngadhepi rega kertas kang saya mundhak lan ongkos operasional kang ora
setithik.