Rabu, 18 Oktober 2017

Cengkeh Tanduran Pribumi

Gara-gara ukara pribumi kang lagi kasebut-sebut para awak media pawarta ing negeri iki, dina iki kapacak tulisan babagan cengkeh. Kareben aptudet!

Cengkeh mujudake salah sawijine rempah khas Indonesia. Atusan tahun kapungkur bangsa-bangsa manca pada tumeka ana ing bumi Indonesia salah sijine ngoleki cengkeh iki. Bahan dasar kanggo gawe kretek iki nyatane nduweni nilai ekonomis kang luhur sakliyane nduweni manfaat tumrape kasehatan.

Cengkeh utawa Syzygium aromaticum kuwi asline mono gagang kembang garing sing nduwe ganda khas. Wit cengkeh kalebu keluarga Myrtaceae. Tetuwuhan iki asale saka daratan cilik-cilik ing antarane Sulawesi lan Papua. Cengkeh diregani duwur awit mbiyen jaman Romawi kuno amarga khasiat tumrap kasehatan.

Cengkeh cocok dibudidayaake ana ing Indonesia amarga didukung karo kondisi alam lan iklime. Mangkane ing antarane tahun 1980 nganti 2013 ana peningkatan wiyare lahan cengkeh, senajan fluktuatif. Rata-rata pertumbuhan wiyare areal ana ing periode kuwi 0,40% saben tahun. Wondene lahan cengkeh Indonesia ing tahun 1980 kacathet 408,10 ewu hektar lan ing tahun 2013 dadi 494,46 ewu hektar.

Kanthi adedasar data produksi cengkeh Perkebunan Rakyat rata-rata tahun 2009-2013, ana wolung provinsi sentra produksi kang nduweni kontribusi kumulatif nganti tekan 77,31% saka produksi cengkeh Indonesia. Paling gedhe cengkeh Indonesia asale saka Sulawesi. Provinsi Sulawesi Selatan mujudake provinsi sentra paling gedhe kanthi rata-rata produksi 11,99 ewu ton utawa nduweni kontribusi 13,51% tumrape total produksi cengkeh Indonesia.    

Sebab nduweni rega kang aji, cengkeh dadi komoditas perkebunan kang penting ing Indonesia. Sakliyane nduweni manfaat tumrap panguripane para petani, cengkeh uga dibutuhke masyarakat ing mawerna-werna sektor, utamane sektor industri lan konsumsi.

Ing sektor industri kretek, cengkeh mujudake bahan dasar nomer loro kanggo gawe kretek. Amarga kuwi konsumsi cengkeh ing Indonesia kalebu gedhe. Ana mawerna jenis cengkeh kang ditandur ing Indonesia ing antarane Cengkeh Si Putih, Cengkeh Si Kotok, Cengkeh Tipe Ambon, dan Cengkeh Tipe Zanzibar. Kabeh nduweni rega kang pengaji.

Perkembangan konsumsi cengkeh antarane tahun 1993 – 2013, adedhasar Survei Sosial Ekonomi Nasional (SUSENAS) dening BPS stabil banget yaitu 0,05 kg/kapita/tahun, kasunyatan ini yakna dumadi amarga produksi cengkeh Indonesia luwih akeh digunaake kanggo ndurut kebutuhan usaha industri kretek.

Miturut Pusat Penelitian dan Pengembangan Perkebunan, sekitar 90% produksi cengkeh digunaake kanggo kebutuhan industri kretek sakwentara turahane kanggo farmasi, kosmetik dan rempah-rempah.

Indonesia kang mujudake negara kanthi wiyare lahan ngasilake paling gedhe sakndonya uga dadi produsen cengkeh paling gedhe. Indonesia gedhene kontribusi 70,99 % tumrap total produksi cengkeh dunia, kanthi rata-rata produksi 79,25 ribu ton saben tahun. Negara sakbanjure yaiku Madagaskar kang nduweni kontribusi 13,38 % kanthi rata-rata produksi 14,94 ton saben tahun. Banjur Tanzania kang nduwe kontribusi 6,85% kanthi rata-rata produksi 6,85 ribu ton saben tahune.

Sakliyane kanggo sektor industri, cengkeh uga kagunaake ing pengobatan, kalebu kanggo ngobati lara untu, kanggo nyegah peradangan, lan uga ngatasi sinusitis. Sakliyane iku, cengkeh kagunaake kanggo bahan campuran masakan.

Menawa ningali gedhene manfaat cengkeh lan komoditas cengkeh ing Indonesia iki, kaya-kaya industri kretek kang paling nduweni peran. Durung akeh industri liya kang manfaatke tanduran pribumi iki.

Tulisan ing nduwur katulis ulang lan katerjemahake awur-awuran saka sumur iki.




Advertiser